Subscribe to thedexton
Powered by finance.groups.yahoo.com
Copyright©2007 Dexton Consulting. All rights reserved
Specially Designed by CYBER SERVINDO
Daftarkan Email Anda di The Dexton dan dapatkan E-book Gratis + Newsletter tentang Peluang Bisnis, Manajemen Usaha, Business Sharing dan Bisnis Online
 
 

 
 
 
www.dexton.adexindo.com
Peluang Bisnis, Manajemen Usaha, Seminar & Workshop, Artikel, Business Sharing, Ebook Gratis
Funny Stories: For "Wong Jowo" Only - Part 2

Njegur
Onok juragan tambak jenenge Sablah ngadakno sayembara.
"Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Montor." jare Sablah.

Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur nang tambak. Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo, nyambik, bajul lan sak panunggalane. Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang anyar. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.

Akhire ambek Sablah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar ambek omah sak isine. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh, moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak. Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo. Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang. Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.

Wis mari ambekan, Sablah marani arep nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak.
"Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta" jare Sablah, tapi Muntiyadi tetep nolak.
"Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep gak gelem.
"Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti" jare Sablah gak gelem kalah.
"Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene" jare Muntiyadi.


Ndlahom
Muntiyadi bingung nggoleki bojone. Mari munyer-munyer sepedaan, akhire ketemu. Muntiyadi kuaget, tibake Romlah lagi ndhodhok ndhik tengah lapangan. Waduh, sempel wong iki pikire. Seko pinggir embong Muntiyadi mbengoki bojone.
"Ooooiii !!! Laopo kon ndhik kono dik" jare Muntiyadi ambek bengok-bengok. "Lho sampeyan gak kethok tah, aku lagi numpak perahu nang tengah segoro" jare Romlah.
"Waduh dik, mulakno wong ngarani awakmu ndlahom, wong kelakuanmu pancene koyok ngono. Ayok ndhang mulih, ojok ngisin-ngisini aku" jare Muntiyadi emosi.
"Gak gelem aku cak, wong aku lagi enak-enak golek iwak " jare Romlah. "Mulih tah gak !!!" jare Muntiyadi muntap.
"Gak gelem!! " jare Romlah.
"Tak gibheng lho yo !!!" jare Muntiyadi.
"Rinio lho lek wani !!" jare Romlah.
"Oo... saking ae aku gak isok renang"

.

peluang usaha
Rekomendasi                            Info dan Peluang Bisnis                                 Kontak
Ads by Adex

Kursus Internet Marketing
Belajar tentang Pembuatan Website/Blog, Affiliate, Adsense, SEO, dll
www.imc.adexindo.com

Ingin Punya Bisnis Sendiri?
Rp. 40.000 nett  termasuk website replika, starterkit, dll